Sabtu, 23 Agustus 2014

Naskah Drama

 Roro Jonggrang 
(bahasa jawa) 

Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.


Bandung     : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung    

                    manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”

Ibu              : “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak  dewe uwis urip kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu, arep njaluk    sing piye maneh ibu iki.”

Bandung     : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”

Ibu              : (mesem ngguyu) “Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip    janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur     nyayang anake).”

Bandung     : “Lho, saestu Bu.”

Ibu              :”Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.     Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”

Bandung: (mesem)”Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu.          Saktemene kula    ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten         kepenak,Bu.”

Ibu              : “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki        ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?”

Bandung     : “Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos    sakniki kok kula taksih bingung.”

Bandung     : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?”

Ibu              : “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing     pantes. Kowe saiki wis gede,  ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.”

Bandung     : “Ana apa,Bu?”

Ibu              : “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.”

Bandung     : “dados bapak tasik sugeng bu?”

Ibu              : “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.      Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno          pesen – pesen ibu iki.”

Bandung     : “inggih, Bu.”

Ibu              : “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.        Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda        kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok           temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan     sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu           dhewe.”

Bandung     : “Inggih,Bu.”

Ibu              : “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa     selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu          percaya yen kowe iku anake.”

Bandung     : “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara.  

                   Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu

                   niki .”

Ibu              : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak tresnani.”

Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.

Jin               :” Sampean sapa?”

Bandung     :”Aku Bandung”

Jin               : “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”

Bandung     : “Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki  

                    Ramaku?”

Jin               :”Wani piro?”

Bandung     : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing   kowe karepake.”

Jin               :”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”

Bandung     :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”

Jin               :”Oke” (ngilang)

             Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih   Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe  panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.    

Patih Gupala        :” Nyuwun sewu Putri.”

Jonggrang             : “Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana  ngendi Ramaku?”

Patih Gupala        : (menundukkan kepala dan menyembah)”Nyuwun sewu   Roro.” (mikir-mikir)”Prabu Boko…”

Jonggrang             :” Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar  sing ora ke penak Patih?”

Patih Gupala        : “Inggih Roro.”

Jonggrang             : “Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita  karo aku Patih..pundi ramaku?”

Patih Gupala        :” Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.”

Jonggrang             :” HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten  Goroh Patih?”

Patih Gupala        :” Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung Bondowoso nusukkaken kerisipun.”

Jonggrang             :” Rama…(nangis)”

          Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?

Bandung               :” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?”

Jonggrang             :” Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?”

Bandung               :” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing  Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede  iki” (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu                     tenan   kowe. Apa kowe gelem dak dadekake garwaku!

Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa. 

Jonggrang             :(mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.

Bandung: ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?    

                  Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)”

Jonggrang   :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.”

Jonggrang banjur mikir-mikir.

Jonggrang   : “Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik   wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku       gelem tok pek bojo.”

Bandung     : “Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi    wektu sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat      liyane. Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo    ngopo candi iku.”

Jonggrang   :” Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku          panjalukku.buktekno yen kowe tresna aku Bandung.”

Bandung     : “Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?”

Jonggrang   : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep nglungani)

Bandung     : “Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo    

                     kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)

Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.

Bandung     :”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”

Jin               :”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”

Bandung     :”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”

Jin               :”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis  

                    mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.” 

Jonggrang : “Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.”

Dayang : “La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri,

                 miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La

                 wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun

                 badhe kelar to Putri.”

Jonggrang : “La terus apa sing kudu tak  lakokake.aku ora gelem rabi karo

                     Bandung.”

Dayang : “Lajeng kepripun?”

Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar

Jonggrang : “Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat

                    Prambanan, kongkon wong wadon numbuk pari, lan bakar ya jerami.

                    Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki

                    seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek

                    isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-

                    kembang.” 

Dayang : “Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake

                gawean kuwi.”        
        

Jonggrang : “Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”

Dayang : “Inggih ndara.nyuwun sewu.”

          Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan

mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.

Jin:” Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet  ngaleh iki. Yen ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..

Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi iki?”

          Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh

Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik

jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng

keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani Jonggrang.

Bandung : “Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”

Jonggrang : “Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”

Bandung : “Tentu wae tresnoku?”

Jonggrang: “Aku ora percaya.”

Bandung: “kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.”


Jonggrang: “oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti

                   kowe batal ngolehake aku, Bandung.”

          Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung

Jonggrang ngomong.

Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”

Bandung : “Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”

Jonggrang : “aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki

                   mung 999 .”

Bandung : “yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999 buah.  Engko bakal  

                   dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.”

Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi

                      janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku

                    sing bakal minggat.”

Bandung : “Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu

                    Jonggrang”

Jonggrang : “Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.”

Bandung : “Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!”

Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!”


Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak

                   gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku

                   iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji

                   , lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe

                   Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!

Jonggrang : “Aaaaahhh !!!!!!!!!!”

Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.



Rampung..


Tak lengkap


Roro Jonggrang Dalam Bahasa Jawa


Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. 

  Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.

"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.

 Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.

 Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.

 Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

RAMPUNG