Roro Jonggrang
(bahasa jawa)
Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan
kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.
Bandung : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi
kula lan panjenengan mung
manggon teng perkampungan
endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu
: “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak
dewe uwis urip kecukupan, seneng
tanpa ana sing ganggu, arep njaluk sing piye maneh ibu iki.”
Bandung : “ya mbok menawi ibu kersa
duweni rama damel kula.”
Ibu
: (mesem ngguyu) “Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip
janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur
nyayang anake).”
Bandung : “Lho, saestu Bu.”
Ibu
:”Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.
Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”
Bandung: (mesem)”Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu.
Saktemene kula ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten
kepenak,Bu.”
Ibu
: “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki
ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?”
Bandung : “Ngeten lho Bu, saktemene
Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih bingung.”
Bandung : “Bu,kok mendhel mawon?
Wonten penggalih menopo to bu?”
Ibu
: “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing
pantes. Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe
mesti iso ngerteni iki.”
Bandung : “Ana apa,Bu?”
Ibu
: “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.”
Bandung : “dados bapak tasik sugeng
bu?”
Ibu
: “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.
Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno
pesen – pesen ibu iki.”
Bandung : “inggih, Bu.”
Ibu
: “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.
Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong
asing sing bakal kok
temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan
sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora
apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu
dhewe.”
Bandung : “Inggih,Bu.”
Ibu
: “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa
selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anake.”
Bandung : “matur nuwun Bu, nanging
kepripun ibu menawi kula ngembara.
Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
niki .”
Ibu
: “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak
tresnani.”
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone
jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa
nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Jin
:” Sampean sapa?”
Bandung :”Aku Bandung”
Jin
: “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung : “Aku arep nggolek Ramaku,opo
kowe isok bantu aku nggoleki
Ramaku?”
Jin
:”Wani piro?”
Bandung : “Yen aku wis dadi raja ing
Pengging kowe isok njaluk opo wae sing
kowe karepake.”
Jin
:”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung :” sing kasiji aku pengen nemoni
Ramaku.”
Jin
:”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge
Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin
Bondowoso ngabulake panyuwunane Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja
ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah. Dheweke
pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang
karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala
perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe panjalukan sing
keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin
Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi
Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh karo ngetokake getih lan
kelaran.
Patih Gupala :”
Nyuwun sewu Putri.”
Jonggrang
: “Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana ngendi Ramaku?”
Patih Gupala : (menundukkan
kepala dan menyembah)”Nyuwun sewu Roro.” (mikir-mikir)”Prabu
Boko…”
Jonggrang
:” Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar sing ora ke penak Patih?”
Patih Gupala : “Inggih
Roro.”
Jonggrang
: “Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita karo aku Patih..pundi
ramaku?”
Patih Gupala :”
Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.”
Jonggrang
:” HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten Goroh Patih?”
Patih Gupala :”
Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung Bondowoso nusukkaken
kerisipun.”
Jonggrang
:” Rama…(nangis)”
Wektu
nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara
Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa
selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung
:” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?”
Jonggrang
:” Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?”
Bandung
:” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing Kerajaan Pengging, lan
saiki sing duweni kerajaan sing gede
iki” (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu
tenan kowe. Apa kowe
gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang
:(mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku
ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya
maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa
kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo
nggoda)”
Jonggrang :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.”
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : “Ngene wae, yen kowe pancen pengen
duweni aku, syarate sitik-sitik
wae.Gawekno 1000 candi
ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku gelem
tok pek bojo.”
Bandung : “Weh..weh..weh..Wah, kowe
ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu sewengni?10 candi wae, apa
mending kowe njaluk syarat liyane. Sekarepmulah..Moso
kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo ngopo candi iku.”
Jonggrang :” Kula tetep pengen digawekke sewu
candii. Iku panjalukku.buktekno
yen kowe tresna aku Bandung.”
Bandung : “Wis, sakiki ngene wae.
Pase,njalukmu piro?”
Jonggrang : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep
nglungani)
Bandung : “Yowes..yo wes..Aja mutung
to! Kanggo buktekake tresna ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung :”jin, aku isik nduwe
panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin
:”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung :”aku njlauk tulung digaweake
1000 candi.”
Jin
:”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis
mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang : “Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe
semono.”
Dayang : “La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh
tiyang sekti to Putri,
miterat pamikir kula, kok panyuwun
panjenengan, bisa di tepati. La
wong samenika taksih jam kalih,anggenipun
bangun candi sampun
badhe kelar to Putri.”
Jonggrang : “La terus apa sing kudu tak lakokake.aku
ora gelem rabi karo
Bandung.”
Dayang : “Lajeng kepripun?”
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : “Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake
kabeh rakyat
Prambanan, kongkon wong
wadon numbuk pari, lan bakar ya jerami.
Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki
seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
kembang.”
Dayang : “Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti
ora bias marikake
gawean
kuwi.”
Jonggrang : “Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”
Dayang : “Inggih ndara.nyuwun sewu.”
Dayang
iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik
dikongkon nguruk.
Jin:” Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet
ngaleh iki. Yen ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji
engkas.Bandung ya ing endi iki?”
Para
jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis
muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada
ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani
Jonggrang.
Bandung : “Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki
rabio karo aku.”
Jonggrang : “Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke
aku sewu candi?”
Bandung : “Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang: “Aku ora percaya.”
Bandung: “kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi
kuwi.”
Jonggrang: “oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang
teko sewu, berarti
kowe batal ngolehake aku, Bandung.”
Jonggrang
ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing
kok gawe kurang siji.”
Bandung : “Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang : “aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada.
Jumlah candi iki
mung 999 .”
Bandung : “yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999
buah. Engko bakal
dak gawekake maneh. Tapi sak
uwise kowe rabi karo aku.”
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe
uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
sing bakal minggat.”
Bandung : “Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki
balesanmu
Jonggrang”
Jonggrang : “Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen
kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung : “Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!”
Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!”
Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau
aku wis nyobak
gawe sabar gawe ngentukake
kowe , tapi percuma ae pengorbananku
iki. Ora papa aku ora
ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
, lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
Candi
Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : “Aaaaahhh !!!!!!!!!!”
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.
Rampung..
Tak lengkap
Roro Jonggrang Dalam Bahasa Jawa
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan.
Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan
Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka
lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan
Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke
ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu
Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi
permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso
"Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!"
Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe
yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan
setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang
ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung
Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno
dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami,
munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan
disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana
999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga
wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi
patung lan ngganepi 1000 candi.
RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar